Imam Kucluk (Humor Jawa)

Jan kurang ajar Wakidi ki. Dikongkon dadi imam traweh.Suarane apik, makmume yo khusuk.

Naliko rampung witir la kok munggah nang mimbar, dikirone jamaah arep aweh ceramah, jebulane ngomong:"Hadirin jamaah isyak lan traweh ingkang mulyo, mangke bakda niki jenengan sedoyo sholat malih nggih???

Makmum podo kaget..banjur si Wakidi nglanjutne pidatone "Amargi kulo nembe kelingan yen kulo wau lali durung wudhu... eling kulo nggih pas rampung sholat witir niki wau.

Makmum pada geger nang mburi karo misuh-misuh.Ono sing omong "Tekkek... ngono ra ngomong kaet mau....lha ngeneki dengkulku wis keju arep mlicet malah kon mbaleni maneh.
Aku yo ngguyu ngekel...karepku meh tak balang sandal...tapi aku ra gowo sandal,piye jal ngene iki

Comments